Ing satengahing ara-ara samun kang garing kenthang-kenthang. Srengenge krasa nyengat ing sirah, lemah padha nela, langite panas ora ana mega.
Patih Sengkuni mlaku kleyang-kleyang karo kipas-kipas nganggo pucuking blangkon, dene Bathara Narada anteng mriksani kahanan. Ing mburine, Bagong asik nggiles lemah garing karo nembang campursari ora cetha juntrunge.
Patih Sengkuni: (Kringeten, ambegane ngos-ngosan) "Aduh, aduh... Pukulun Bathara Narada, kula niki Patih agung saking Ngastina lho. Lha kok panjenengan ngajak kula mblusuk teng panggonan garing kenthang-kenthang ngeten niki? Mboten enten kamulyan blabar pisan. Niki nggone wedhus, sanes nggone tiyang pangkat!*"
Bagong:"(Nyela karo mesem ngece) Halah halah... Patih kok gembeng! Kena panas sithik wae sambate ngungkuli bayi kepanasan. Lha kowe iku Patih apa krupuk teles ta? Kena panas mleyot, kena banyu ajur. Ngono kok ngaku tiyang agung."
Patih Sengkuni: "(Mlerok) "Heh, Bagong! Lambemu dijaga! Kowe iku mung batur, wajar pantes manggon neng pategalan garing kaya ngene. Wujudmu we kaya celengan lemah! Lha aku iki wong mulya, panggone neng kraton sing sarwa emas kemerlap!"
Bagong: "(Ora trima, ngadeg pethenthengan) Heh, Sengkuni! Celengan lemah ngene iki nek dipecah isine duwit, lha awakmu dipecah isine mung utang karo akal bulus! Wong mulya kok ukurane seka nggon panggone. Pikiranmu kuwi sing gersang, ora mung lemahe!"
Bathara Narada: "(Ngguyu cekikikan) "Blegedug uwel-uwel we lha dalah! Wis, wis, aja padha udur! Sengkuni, kowe ki mbok ya sabar. Kowe ngerti ora ngapa kowe tak jak mrene, ngancani aku karo Bagong?"
Patih Sengkuni: (Manggut-manggut bingung) "Mboten, Pukulun. Napa badhe pados pusaka?"
Bathara Narada: "Ora. Aku mung arep ngelingake, yen kamulyan iku ora mapan ing gedhong sing murub mancur. Coba rungokna pituture Bagong. Coba Gong, wejangen Patih Ngastina iki."
Bagong: (Kaget nanging banjur pasang gaya kemaki, dehem-dehem) "Ehem... rungokna ya, Patih Krupuk. Titahing Gusti kuwi werna-werna. Nanging elinga... sak apik-apiking manungsa, yaiku manungsa kang dititahke Sing Kuwasa duwe kawicaksanan lan migunani tumrap wong akeh."
Patih Sengkuni: (Mecucu) "Halah, teori! Nek nggone garing, kere, mboten enten sisi kamulyan ngeten niki, ajeng migunani napa? Ajeng pamer apa?"
Bagong: "Lhaaaa kuwi goblokmu! Rungokna! Wit kaktus kae lho, senadyan manggon neng ara-ara samun, garing kenthang-kenthang, ora diparani wong ben dina, nanging dheweke nyimpen banyu sing bisa nylametake nyawane wong sing ngelak. Senadyan ora urip neng taman kraton sing disawang wong akeh, kaktus kuwi migunani!"
Bathara Narada: "Wah dalah... bener kandhamu, Gong. Terusna!"
Bagong: "Emas kuwi, Ndoro Sengkuni... senadyan kecemplung ing paceran (selokan) sing banger, tetep jenenge emas. Lha yen tai sapi, senadyan diselehake ing piring emas kemerlap lan dipayungi sutra... tetep mambu badheg! Kamulyan iku ora saka papane, nanging saka atine lan gunane tumrap liyan. Manungsa sing wijaksana senadyan urip ing gubug garing, bakal dadi tuk banyu panguripan kanggo sakiwa tengene!"
Patih Sengkuni: (Meneng klakep, raine abang, isin nanging gengsi) "Inggih... inggih... leres. Nanging kula rak tetep manungsa biasa, Pukulun. Kula tetep pengin mantuk. Teng mriki mboten enten es dhawet mboten enten kursi empuk."
Bathara Narada: "(Gedhek-gedhek) Pancen angel dikandhani Patih siji iki. Ya wis, mulya iku pilihanmu, nanging kawicaksanan iku peparing. Sing sapa ora migunani, sejatine uripe luwih garing tinimbang lemah sing didesel iki."
Bagong: "Wis ayo Ndoro Pukulun, ditinggal wae Patih Sengkuni neng kene. Ben kekancan karo kadal. Lha wong ngaku mulya kok otake garing, es dhawet mbahmu salim! Ayo Pukulun, madhang sate wae awake dhewe!"
Bagong lan Bathara Narada mlaku ninggalake Sengkuni sing isih thenger-thenger kepanasan bingung dewe.
Patih Sengkuni: "Woy! Pukulun! Bagong! Enteni kula! Oalah... nasib, nasib... Patih agung kok ditinggal neng tegalan!"

Tidak ada komentar:
Posting Komentar